Kamis, 27 April 2017

ING SADWANING DALAN

ING SADAWANING DALAN

ing sadawaning dalan iki lakuku kandheg
ketriwu sewu rasa ngumbara ing jero dhadha
rasa-rasane kepengin ndhudhah crita lawas
kang wus kabesem sunaring bagaskara
ilang muspra

ing sadawaning dalan iki
pandeehing peksilengaku burem
kelingan lelakon jenjem kang nate kerem ing adhem
aku lan sliramu nedya netepi janji
tumekaning pati

 ing sadwaning dalan iki
rasa-rasane kuping ngrungu endah ocehing peksi
kang ngupaya miyak petenging pedhut
kang nggubel ati dadi mampet
ra bisa ngrasa endahing asmara

                                                          A. Sardi

Rabu, 26 April 2017

MUMPUNG

MUMPUNG

mumpung isih ana wektu
ayo jejer lungguh sedheku
cipta lan krasa dipesu
murih tinebihna ing satru

               mumpung isih ana wektu\
               metua ing tengahing plataran
              tebarna esemmu nanduki endahing rembulan
              ngancani kadang lintang kang sajak tetangisan

mumpung isih ana wektu
ayo enggal cecawis dhiri
ngresiki tatu tatuning kalbu
dimen pantes tinampi Sang Hyang Guru.


                                                 A. Sardi

Minggu, 23 April 2017

KAPANG

KAPANG

yen rasa kapang gumelar ing dhadha
tumungkul umambang ing tawang
metua ing tengahing plataran
aku titip reroncening asmara marang kadang konang

yen kelingan nalika andon kasmaran
nyebar kabungahan ing pinggiring tlaga biru
aja tidha-tidha rungokna ocehing prenjak alasan
aku wis titip pesen atiku kang nyawiji

yen ketaman kasepen ing tengahing udan
tangkupna asta nyawijekake rasa
korining dhadha isih nglegena tinarbuka
nampa tekamu kebak esem gumbira

                                                       A. Sardi

Rabu, 19 April 2017

PASUJARAHAN

PASUJARAHAN


 lakuning laku iki isih adoh
isih butuh wektu sawetara
srantekna rasa
leremna ndriya
kanggo nyebut asmaNe
kareben laku iki isih tetep sumendhe

     pasujarahan iki durung kapungkasan
     isih ana wektu kanggo unjal ambegan
    aja sambat yen ketaman memala
    aja swala yen nemu piala

                                                       A. Sardi
   


Minggu, 09 April 2017

LEREM

LEREM

leremna sawetara
kanggo unjal rasa
kareben duwe rumangsa
eling jatining pepadha

leremna sawetara
napas kang dawa
kanggo ngelus dhadha
nggetuni dosa

leremna sawetara
lungguh lan sedhekua
ngucapake saklamit donga
dimen entuk begja

leremna sawetara
nata sakabehing rasa
ngenam isining dhadha
dimen ora muspra


                                         A. Sardi