Jumat, 09 Juni 2017

APURANEN AKU

APURANEN AKU

wektu kapungkur
aku nate mblenjani janji
kang wus nate winetu ing lathi
aku ketriwal ngopeni
aku ora isa nggegegi
nyidrani dhiri......

                                  A. Sardi


Senin, 05 Juni 2017

HARDANING KANEPSON

HARDANING KANEPSON

aku ora ngerti
ngapa jumangkahing laku nurut dalaning napsu
tanpa gelem ngrungu swara pangrasane kalbu
nak kepenak, mat kanikmatan kang diluru

aku ora nyana
swaraning rasa sukma sambat ngaluwara
tebah-tebah dhadha nggetuni laku muspra
ngambah ing alam mongah-mongahing dahana

aku ora ngira
lakuku keplantrang kadohan cekelan
nurut hardaning napsu tanpa paugeran
tanpa ngugemi maknaning kekadangan

aku ora njimpit
yen wektu lakuku wis kajepit
pengarep-arep malih dadi alit
yen dinulu kaya nguntal kahanan pait

aku ora nyakra
yen sakabehing pangrasaku kepalang prahara
mung kari ngenteni kapan pungkasaning perkara
dosaku tan kinira sajembaring segara

                                                              A. Sardi

Minggu, 04 Juni 2017

ING GISIK PESISIR

ING GISIK PESISIR

nalika dlamakan sikil iki
kasil ngambah toyaning samodra
ana rasa cuwa ing njero dhadha
ngapa sliramu tega ?

nalika pandeleng iki manther ig tengahing samodra
tan tinemu tapel watesing tresna
ngapa jiwa iki muspra ngumbara
sliramu ilang ing kedheping netra

nalika rasa iki kasempyok ombaking angkara
ginulung agung ombyak ombakig sagara
rasa pangrasaku datan bisa ngrasa
sliramu mung nampa kanthi lelamisan

nalika lintang lan rembulan kasepen
ngungak kaendahaning donya
wis ora ana pengarep arep maneh
pangimpen iki aslup kesaput mega peteng

nalika manuk-manuk camar
padha mabur nyasar
ora ana kabar mbalabar anyar
sliramu ngupaya ngudhari talining ati 

                                                        A. Sardi

Kamis, 01 Juni 2017

DINGATI-ATI

DINGATI-ATI

urip iki kudu lumaku nempuh pepesthen
miyak ri sesindhetan
nrabas pepalang lan alangan
dingati-ati .... kareben ora bilahi