ING TENGAHING KAPANG
ndak dhudhah maneh
cathetan lawas kebak lebu
apa isih tinemu crita-crita lakuning asmara
ing tengahing kapang kang kumambang
ndak piyaki maneh
lempitan buntelaning ati
apa isih ana tapak tilasing rasa tresna
ing tengahing kapang kang brangasan
ndak jumputi maneh
ukaraning tembang-tembang lawas
apa isih ana lagon tangising katresnan
kang sumimpen ing tengahing kapang
ndak pecaki maneh dawaning wektu
bareng lumakuning rembulan ing tengah wengi
apa isih ana tatuning ati
amarga ketriwu ing tengahing kapang ?
A. Sardi