Selasa, 27 Februari 2018

OWAH-OWAHANE JAGAD

OWAH-OWAHANING JAGAD

biyen,
manuk prenjak njanter ngarep omah
paweh tandha tamu bakal teka
sedulur adoh nggawa kabar gumbira
rasa kapang bakal ilang

biyen,
wayah wengi ana kupu putih kekintrang golek padhang
tangan kudu enggal ngelus dhadha
lambe nggedumel kebak ukara donga
gek sapa maneh nedya nampa kabar dhukita ?

saiki,
menyan ngendi swara kumandhanging manuk prenjak
ing ngendi bisa pinanggruli kupu putih kekaplak

                                                                                  A. Sardi

Jumat, 23 Februari 2018

GRIMIS ING WAYAH SORE

GRIMIS ING WAYAH SORE

bener surasaning pangimpen
jroning ati bakal kisenan katresnan
kang wus sawetara wektu dak adhang
kaya nunggu jumedhule watu item saka dhasaring tirta
kaya nunggu kereme baita gabus ing tengahing samodra
kang saiki tinandha dening grimis kang riwis-riwis
banyune nelesi telak kang nglinthing garing
nyumpel sakabehing pangrasa

bener welinge simbok,
yen grimis ing wayah sore mengku prakara gedhe
rasa rumangsa bakal diuji ngrumangsani
dimen dadi suci sakabehing ati
bareng karo angslupe bagaskara
ninggal kapang
kapan tekane wengi.


                                                   A. Sardi-DL. 2-6-2018

REDI GOLGOTA

REDI GOLGOTA

ana raga tanpa daya lan dosa
kudu nampa siksa
kudu nampani dhendha
lan, ngrungkebi panandhanging manungsa
kang keblusuk ing alam kasangsaran
amarga wus kumawani nerak paugeran

ana raga pasrah sumarah tanpa swala 
tan bisa sambat lan nyuwara kanggo mbela
lila dadi bana
gumantung ing salib pangadilan
kanggo nggayuh kamenangan
saka wewengkoning setan jahanan

redi Golgota
papan  panyiksan lan kekejeman
kebak duraka, adoh rasa kamanungsan
bisaa dadi tandha
raga gumantung salib
lila dadi bana kanggo nebus dosaning manungsa.

                                                            A. Sardi


Kamis, 22 Februari 2018

RAGA GINANTUNG ING PAMENTHANGAN

RAGA GINANTUNG ING PAMENTHANGAN

raga ginantung pamenthangan dinakwa ala
nyangga abot panandhanging dosa manungsa
kang wus ngendhon sajroning sukma
ewa semono, Panjenengane datan sambat lan swala
sineksa nganti pungkasaning seda

raga ginantung ing pamenthang
datan bisa nyuwara sambat ngumadhang
mratandhani binukane dalan padhang
nyumingkirake sakabehing pepalang
ngancik ing alam menang

raga ginantung ing pamenthangan
wus datan bisa unjal ambegan
pasrah sumarah dadi bebanan
nebus dhendha lan paukuman
ngrengkuh kamenangan

                                                                               A. Sardi





Senin, 19 Februari 2018

PALERENAN

PALERENAN


ing sangisore wit trembesi iki
rasa pangrasaku kumlarah tanpa pesthi
kapan tekamu nggawa tambaning ati
kapan endah esemmu cumundhuk ing lagi ?

ing sapinggiring dalan klangenan
sliramu kapan nyungging esem ing lathi
njero dhadha iki wus kepanjingan kapang
kang ora bisa ditambani sadurunge kumambang

                                                    A. Sardi

Minggu, 18 Februari 2018

ING PUNCAKING REDI GOLGOTA

ING PUNCAKING REDI GOLGOTA

raga tanpa doya
sukma tanpa dosa
isih panggah disiksa lan dipilara
isih tambah dicecamah tan tinemah
pasrah
sumarah
gumregah ngrakit ukaraning donga:
"Rama, dhumateng Paduka
kula pasrahaken jiwa lan raga..."

angin prahara
mendhung kumalungkung
paweh tandha
sukma suci oncat saka raga muspra
pungkasaning ukara donga:
"Rama, kenging menapa
Paduka ninggal kula ?"


                                                       A. Sardi

Jumat, 16 Februari 2018

DALAN PAMENTHANGAN

DALAN PAMENTHANGAN

darbe dosa apa  ?
dicekel lan didakwa tumindak murang tata
diadili kaya lumrahe durjana
tanpa seksi lan bukti
tanpa ana kang wani mbelani

darbe salah apa ?
diglandhang lan digawe pangewan-ewan
diblejedi lan digawe wirang
didakwa salah lan dicecamah
malah nganti njrebabah ana lemah

darbe kaluputan apa ?
kudu nampa paukuman lan siksa
mecaki dalan pamenthangan
ngambah dalan rumpil puncaking arga
tanpa ana rasa welas asih

darbe dosa apa ?
raga tanpa daya kebak ludira
disiksa ora kaya lumrahe manungsa
diperjaya  tanpa swala
tanpa ana pangapura

(Gusti, keparenga kawula nggempil
kasangsaran Paduka .......................)

                                                     A. Sardi

Kamis, 15 Februari 2018

TANDHA TANDHANING RASA

TANDHA TANDHANING RASA

ngapa mripat iki sekarat
nyawang wong liya mesem gumuyu
nemu kabungahan lan kabegjan
tanpa timbang ?

ngapa kuping iki njepiping
ngrungu pawarta lakuning asmara
cumundhuk ing anggane wong liya
tanpa cecala ?

ngapa rasa jero dhadha iki cubriya
nemu mitra lelumban ing samodraning gumbira
keplok-kelpok lan jingkrak-jingkrak
tanpa winates ?

ngapa tangan iki nggegem getem
meruhi kanca uwal saka panandhang
lenga ambegan metu saka pakunjaran
nemu kamardikan ?

gusti ....
mugi paringa kawelasan
mugi paringa kamirahan
mugi paringa pepadhang
marang sukma kang nglambrang

                                                    A. Sardi