Selasa, 17 Juli 2018

SAMBAT PAMARTOBAT

SAMBAT PAMARTOBAT

aku wis nate janji marang atiku
ora bakal sambat, nadyan rinasa awrat
ora bakal nggresula, nadyan nemahi cilaka
jagad saisine kang dadi seksine
nanging ......
wektu iki kepeksa aku kudu ngucap sambat
marga uripku rumangsa kesrakat
dudu amarga kelangan drajad lan pangkat
dudu amerga aku tumiba ing jagad kang mlarat
nanging ......
aku kang rumangsa kelangan wektu kanggo Gustiku
aku rumangsa adoh lan kadohan ngrungu sabdaNe
tekening pengandelku ilang
rasa-rasane, aku tumiba ing juranging dosa
ora bisa swala
ora bisa apa-apa
bisane mung sambat mertobat.


                                                                A. Sardi

Kamis, 12 Juli 2018

GUMREGAH


         GUMREGAH
        (welinge swargi bapak)

Ndang gumregaha tangi
Aja nganti didhisiki pitik nglari
Kencengna talining ati
Dimen kasil nggayuh rejeki

Ndang tandang karyaa
Wektu iki wis ginandi dina
Enggala cancut tali wanda
Nempil pakaryaning Hyang Kwasa

Ndang manekunga puja
Sang bagaskara wus angslup mega
Pisungsungna sakabehing karya
Kareben korining swarga binuka.

A.Sardi

Rabu, 11 Juli 2018

PANGILONING ATI


PANGILONING ATI

Nadyan rumangsa kabotan panyangga
Aku ra bakal selak lan swala nampa
Jer lakuning urip iki kaya rodha
Isih akeh sing luwih cilaka lan sengsara

Nadyan rumangsa wis ora kuwat
Aku ora bakal ngucap sambat
Reridhu iki laku lakuning tirakat
Isih akeh sing padha kesrakat lan sekarat

Sedyaku ...
Dhuwuring redi bakal dakunggahi
Jeroring jaladri bakal daksilemi
Nanging aku kudu ngelingi dhiri

Sedyaku ...
Jagad bakal dakemperi
Drajad lan pangkat bakal dakupadi
Nanging aku kudu wani ngilo dhiri.

                                                     A.Sardi

Selasa, 10 Juli 2018

ING GISIKING PESISIR

    ING GISIKING PESISIR

Daktemokake alam endahing kabungahan
Gegana sumilak warna putih lan biru
Kang ginambar tanpa mawa japa mantra
Nuduhake agung lan kwasaning asta-Mu

            Dakrungu swara ombaking samodra
            Nadyan tan bisa nampa sarining makna
            Rasaning kalbu banget rinasa puja
            Aku kudu sedheku asung pangalembana

Dakgelar jembaring ati ing gisiking pesisir
Bareng egaring lar manuk-manuk camar
Sinambi manekung nglelimbang lakuning laku
Kasunyatan, aku janma rumangsa cilik lan asor


                                                          A.Sardi