ING PUNCAKING REDI GOLGOTA
ing
puncaking redi Golgota
ana
raga muspra gumantung salib tanpa daya
kapilara
kasiksa
ing
puncaking redi Golgota
panandhanging
jiwa ginambar ing rasa
kumlarah
pasrah
sumarah
dicecamah
ing
puncaking redi Golgota
ana
saklamit pandonga
mili
saka lathi suci
“Dhuh,
Rama, paringa apura mring dosaning manungsa !”
Kiriman : A.
Sardi – Solo Baru
Wis dipacak ing DL
Maret 2016
Tidak ada komentar:
Posting Komentar