KIDUNG
MANUK PRENJAK
apuranen aku
wis
ora bisa paweh tandha
kapan
bakale tamu tumeka
nggawa
warta gumbira
apuranen
aku
susuh
paleremanku kabesem
mbusak
donya kang paweh tentrem
nutupi
impen-impen ayem
ing
njero winatesing kurungan
kidung
dongaku ngumandhang
kapan
Gusti bakal paring pepadhang
saka
tangan-tangan kang brangasan
A. Sardi – Solo Baru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar