CATURANING KALBU
Tiyungna esem-Mu
Nedya dak pethik kanggo maes kalbu
Sanadyanta lakuning rembulan wus
keplantrang
Mateni dalan tumuju kaswargan
Tuwuhna kangenku
Marang samodra lan langit biru
Kaya kumepake lar manuk-manuk camar
Aku nedya nurut dalane ombak-ombak
sumanak
Tuduhna lakuku
Kang bingung kesandhung gunung-gunung
gung
Katutup klawuning pedhut ginayut
Nyeluk Asma-Mu
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
4
Juni 1994
Tidak ada komentar:
Posting Komentar