GISIK
PESISIR
Ndak turut gisiking pesisir kidul
Katon tinemu oreg lan nepsu banyu kang
ngaru biru
Ndak tantang benjolaning watu karang
Kang tansah mbegegeg angker
Pisan maneh tuwuh pitakon aneh
Gisik kang ora resik tan gawe becik
Medhotake sesambungan ronce kasmaran
Kang wus rinakit pirang-pirang mangsa
Manuk camar kang tansah nyasar
Kowe ora aweh donga
Apa maknamu manjing ing pinggir segara
Yen kowe tansah gawe susahing manah
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Kliwon, 25 Agustus 1990
Tidak ada komentar:
Posting Komentar