GUMREGAH
Bolahing atiku kang wus pedhot
gegancangane
Tak sambung-sambung rumaket kenthel
Tak sebari edi edining wewangi
Kaya endahing layung sumebar
Atiku tak gencang nganggo sarining lena
alus
Tanpa owah obah lumaku maju
Kesesel mantep madheping niat
Nggayuh urip kang tanpa selip
Rubeda
kang ngreridhu lakuning laku
Kabukak
kawiyak gumrenggahing kalbu
Nggayuh
peranganing kawruh anyar
Uripku
ketemu jinggalanging padhang
Sirep
saka nir ing sambekala
Dadi
siji ngundhuh kersaning gusti.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pahing, 28 Juli 1990
Tidak ada komentar:
Posting Komentar