Sabtu, 02 Juli 2016

SANG MAESTRO



SANG MAESTRO
(Kagem Rama Ndung)


Udan tangis kang ngguyur ati atis
Kelangan bapa kang nyambang budaya
Ngukir lan ngrenda rasa
Wur pitutur kebak panglipur jujur
Ngumbah manah kang nemahi susah
Ndedawa donga kelangan bapa kang pinuja

Ngayogjakarta dadia tandha
Siji putramu lunga nglelana ing swarga
Ngrontoke ati nuwuhake puji
Ing pangajab bisa mrentulake perjuangane
Nguri-uri kabudayan jawi kang asri peni
Dadi mekaring kembang ing tengah alang-alang

Biru klawuning kutha tandha sungkawa
Susah pinisah marang bapa kang pasrah
Kang tansah mulang warah rakyat sawantah
Dadi tuwuh greget mbangun karep
Saiki mung kari donga kang mili ing lathi
Ngiring tindak marang Hyang Widi

Oh … Pak Ndhung
Negara lan bangsa lesu kelangan
Kutha Ngayogjakarta angluh kapotangan
Aku kang ngenal srana lakon kebak wewayangan
Anannging kabeh lumampah saka kersaning Allah
Mung donga lan pangajabku bisaa tinampa
Lenggah sinewaka kaapit malaikating swarga

Saukura kang bisa cinathet ing karep
“Mlarat tanpa bandha, ananging sugih mitra
Sugih tanpa bandha, nglurug tanpa bala:
Sugeng tindak Pak Ndung …
Kairing kidung-kidung donga adiluhung
Murih ora kesandhung ing mendhung.

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Mear Sari
                                                10 April 1991

Tidak ada komentar:

Posting Komentar