SUGENG
JUMENENG
I
Dhuh sinuwun
Kawula ngrerepi pada paduka
Badhe dherek nyengkuyung karsa
Mbudidaya budaya lan kasejahteraning
jalma
Tedhak dhateng rakyat kang kesrakat
Matur nuwun sinuwun
Dene kersa tuladha mring jalma
Amrih wilujenging bangsa lan nagara
Sarana hamangku
Sarana hamengku
Sarana hamangkoni
II
Ngayogjakarta
anyeksenana
Iki
raja sesembahanku wus katalu
Nedya
ndhepani lan ngrangkul laku
Memayu
hayuning bawana
Nyipta
kasejahteraning bangsa
Ngripta
adiluhunging budaya
Ngukir
jiwa raga kang pupus muspra.
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Pahing, 10 Nopember 1990
Tidak ada komentar:
Posting Komentar