Senin, 22 Agustus 2016

PANGLIMBANGE URIP




PANGLIMBANG URIP

Esuk iki cahyaning surya ngithik-ithik atiku
Gumuyu, tan kendhat anggiring laku uripku
Kang tansah ngambah lendhuting srakah
Kaceblok ndheprok ora bisa alok

Embuh,
Kapan aku bisa sowan pangeran
Kanthi nyandhang kadurakan lan kadosan
Kaguyur nistha, papa lan cintraka

Pedhuting ngaurip tansah nutup edining sukma
Sesawangan kaendahan wus kerem ayem
Siji-siji luluh keli bareng tetesing luh

Aku getun
Nggetuni laku tumindak saru
Dhadhaku dak tebahi mawa kitabing jalmi
Atiku dakpetani siji-siji nganggo katuladhan jati
Wewah-wewah kllah,
.


                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ingi Djaka Lodang
Sabtu pahing

Tidak ada komentar:

Posting Komentar