Kamis, 30 Maret 2017

ELING LAN WASPADA



ELING LAN WASPADA
Mbok menawa iki jaman edan
Sapa sing ora ngedan ora keduman
Sapa sing ora ngedan uripe bakal kacingkrangan
Sapa sing ora ngedan, tangeh lamun bisa mangan

Mbok menawa iki jaman pamenthangan
Akeh wong salah kaprah paweh aran
Lor diarani kidul, kidul dituduh lor
Kulan darani wetan, wetan dituduh kulon

Mbok menawa iki jaman walikan
Bapak lali marang anak
Anak wani marang bapak
Ora ana undha lan usuk

Mbok menawa iki jaman kalabendhu
Suci dianggep saru, saru dianggep suci
Ra ana maneh wong ngakoni anane Gusti
Kabeh ngegungake dhiri

(o.. manungsa
Eling lan waspadaa
Sepira dawa lan suwene laku nira
Pepuntoning bakal mlebu ing alam liya
Ayo bareng mertobata …..}

A.     Sardi

Jumat, 24 Maret 2017

MUSPRA

MUSPRA

yen ngerti lara dadine
aku trima sumendhe
malah yen bisa ...
bali tumuju asale

nadyan wektu mung sadulu
aku ngrmangsani kleru
wiwit mula ora dakluru
aku nggegegi nafsu

yen ngeri bakal klelep
dakpampet sakabehing karep
aku kudud anteng sedhakep
kitabing jalmi kudu dak kekep

eman....
kabeh wis ilang muspra
oleh getun mung sawetara
aku kudu nyepetake laku ngumbara
ngudi kasucening sukma

Selasa, 21 Maret 2017

PANGILONING ATI



PANGILONING ATI

Adhuh, lae
Aku iki sapa
Tansah kumalungkung nggegegi angga
Ngagungake diri
Mentheng kelek
Gegedhen sirah

Adhuh, lae
Aku iki sapa
Kere ngaku-aku bendara
Bodho ngaku-aku pinter
Semuci suci
Remesik resik

Adhuh,lae
Aku iki sapa
Rumangsa nduweni panguwasa
Kamangka sukma kebak dosa
Cilaka
Muspra

A.     Sardi

Senin, 20 Maret 2017

PIWELINGKU

PIWELINGKU

yen wis tekan titi wancine
simpenen rasa kangen ing senthonging atimu
nganti tumungkuling kidung pangimpen
mawa cahyaning rembulan kang kebak kasmaran
oncekana makna surasaning rasa
aku weling marang manuk bence
kareben aja duwe karep ngganggu gawe

yen wis tekan titi wancine
aja takon maneh menyang ngendi lakuning cahya srengenge
aja takon maneh menyang ngendi dununging katresnan
kabeh kabuntel ing kacu bludru biru
kang sumimpen ing bantal lemeking turu.

                                                                      A. Sardi

Minggu, 19 Maret 2017

BANJIR

                                            BANJIR

sikil tumancep ing kentheling lendhut
nyawa mancik ing pucuking rambut
datan bisa pemut kapan rinacut
mabur ing alam petenging pedhut

          roning ati wis semplah
          alum kungkuing tirta lambah-lambah
         datan kwagang nggandhul ing pang semplah
         nggegem sukma kang pasrah sumarah

swara titirin dhadha datan mendha
sesambat nggetuni lakuning angga
kang kumalungkung ngrusak bawana
apa isih ana rasa getun bakal dadi tamba ?


                                                       A. Sardi

Jumat, 17 Maret 2017

KOPONGING KAPANG

KOPONGING KAPANG

praupamu kumambang ing tawang
ngawe...
nggege tmibaning asmara
kang sawetara kepranggas wektuning mangsa
kasimpen ing njero dhadha

                                wewayanganmu ndhudhah kapang
                                nggeterake rasa kang ana ing njero dhadha
                                panas kadya kebrongot dahana
                                keplepeg ing peteng pedhuting pega

blegermu katon manjila
kapaes esem kebak pengarem-arem
eman
kabeh burem
kabeh kerem

                                                        A. Sardi

Kamis, 16 Maret 2017

AKU IKI SAPA

AKU IKI SAPA

aku iki sapa ....
akeh mitra padha percaya
akeh kanca padha njaluk donga
kareben uripe katata

             aku iki sapa ....
             raga ora mingsra
             sukma kebak dosa
             ketula-tula
             nelangsa
             muspra

aku iki sapa ....
isih kepareng ngrasakake hawaning donya
isih ginanjar susah lan gumbira
isih kadunungan rasa lan pangrasa.

                                A. Sardi

Selasa, 14 Maret 2017

LILAKNA

LILAKNA

wengi nyimpen wewadi suci
ndhadhal badharing pangimpen
landhunging asmara
duk jaman semana
tangkar ngumbara
miyak padhanging rembulan
kekintrang ngupadi dalam padhang

wengi mbadhar jerit panalangsa
medhot endah penining asmara
menyak rasa nak lan kepenak
paweh dalan padhanging bagaskara
mbuka korining donya
metani akehing dosa
mangertia ....
aku tetep setya.

                                                    A. Sardi