PANGILONING ATI
Adhuh,
lae
Aku
iki sapa
Tansah
kumalungkung nggegegi angga
Ngagungake
diri
Mentheng
kelek
Gegedhen
sirah
Adhuh,
lae
Aku
iki sapa
Kere
ngaku-aku bendara
Bodho
ngaku-aku pinter
Semuci
suci
Remesik
resik
Adhuh,lae
Aku
iki sapa
Rumangsa
nduweni panguwasa
Kamangka
sukma kebak dosa
Cilaka
Muspra
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar