SEDHEKU NDONGA
ing sangarepe altar prasaja
aku ngupaya meleng lan mesu cipta
sikil lan tanganku daklempit
pandelengane mripat dakciyutake
dimen bisa maca kekarepaning rasa
dimen bisa ngrenda ukara pandonga
aku ngupaya ngupadi cahyaMu kang peni
kareben madhangi laku lakuning laku
aja nganti kasempyok reridhu
mahdep, manteb mring sakabehing karep
ngoyak lan nemokake endahing urip
kang lelumban ing madyaning bebrayan
aku ngupaya pasrah sumarah
astaMu njamah isining manah
nadyan rumangsaku:
kerep tumiba ing salah
asring dipitenah
aring dicecamah
aku kepengin mbukak lembaran urip anyar
nyawisake pasujarahan ngambah regoling kamenangan
embuh wektune kapan ............
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar