Senin, 30 April 2018

PASRAH (2)

PASRAH
(2)

ing tengahing wengi kang wadi
sukmaku ngganthang nywara sambat sora
eagaku kang wus kepangan mangsa
wiwit saiki muspra tanpa guna

panyawangku
manther tumuju cahya rembulan kang alum
kang kinanthi kedhipe lintang kebak klilip
nambah memala ngupadi papan dunungku

sumiliring angin atis wengi
ngiring pengangenku minggir ing arenging jurang
kareben bisa nemokake sejatine panandhang
aku dipeksa kuwat lan kwagang

swara kewan alasan
ngumandhang paweh rancaking tumapake karep
dikepiye wae aku kudu madhep manteb
napaki wektu sisaning uripku

dhuh, Gusti Allah
aku jejering titah sawantah
mung sadrema lumampah
pasrah


                                                                                                                     A. Sardi

Rabu, 25 April 2018

NUNGGU WEKTU

NUNGGU WEKTU

wektu lumaku tanpa jluntru
ngganjel jero dhadha kebak rasa kuciwa
kelangan pangrasa
mung kedereng nesu

wektu terus tumapak ing laku
munthes dawaning uripku
nuntun ing luweng kasangsaran
tanpa winates

wektu suwe lumaku
ngowahi pangrasaku dadi kasepen
nyempal rasa kamanungsan
aku kelangan wektu

                                                          A. Sardi

Selasa, 24 April 2018

WEKTU

WEKTU

dakturut lakuning lakumu
dakenut kabeh kekarepanmu
kapan kowe mandheg
kapan kowe sudi mampir njero dhadha

      kowe mranggas lan mangan uripku
      umurku dadi cendhak nyaketi kasangsaran
      nyimpen wewadi crita lelakoning laku
      kapan bisa dakwedharake marang mega

o, wektu kang tansah lumaku
ninggal crita sumimpen ing impen
ora bakal bisa diudhari lan dibaleni
kabeh kangslup ing suwalike mendhunging gunung

      o, wektu kang ilang muspra
      nyimpen mayuta crita suka lan gambira
      karakit dadi gurit alit
      dadi tambane kangen


                                                    A. Sardi
     

Minggu, 22 April 2018

DAKTRIMA

DAKTRIMA

mbok menawa mangsa iki paripurna
munthes sedya lan karya kudu narima
amarga kepangan wektu lan kahanan
kang ora bakal teka maneh

nanging...
menawa underaning amarga rasa
seneng lan sengit
sereng lan serik
anyel lan mangkel
mbok menawa sing momong aku ora trima
embuh, kapan tekane
mesthi bakal mrantasi gawe.....

dawa pandongaku kanggo kowe
sing ethok-ethok nulung jebule menthung
sing ndhedher rasa katresnan lamis
sing duwe lambe tipis
sing mripate picek
sing kupinge budheg
sing semuci suci
sing ngorong lan ngelak dhamparing kalungguhan
sing kedanan drajad lan pangkat

embuh kapan ketemu ing tengah regoling laku
...................................


                                                                                         A. Sardi

Kamis, 19 April 2018

PASRAH (1)

PASRAH
(1)

dhuh, gusti sangkan paraning dumadi
kawula pasrah sumarah njrebabah ing sanginggile lemah
nggetuni laku lan tumindak salah
nampi cecamah lan pitenah

dhus, gusti papan sambat lan pamartobat
kawula lila legawa karsa paduka
nampa dendha panyiksa tebusane dosa
tanpa swala

                                                                                             a. Sardi

WUS KADOHAN LAKU

WUS KADOHAN LAKU

nalika sikil iki jumangkah ing plataraning keduwung
sliramu malah mbrongot ati, mecah lan nugelake balung
medhot talining katresnan kebak tulusing kabungahan
ndedawa wirang keplantrang kedharang-dharang

nalika ombaking prahara ati mbaka siji mendha
sliramu nyempyok praupaku mawa mayuta wisa
aku kang ngrasa kangen, kepengin lunga ngumbara
tanpa cuwa cecala lan rasa ati gela.

                                                      a. sardi

Minggu, 15 April 2018

SEJATINE URIP

SEJATINE URIP

urip iki kayadene laku
ora ngerti paraning tuju
lumaku bareng karo lakuning wektu
padhang lan peteng mesthi tinemu

urip iki saumpama titipan
ora ngerti kapan kapungsan
dipundhut karo sing kagungan
manungsa ora bakal bisa alasan

urip iki ora beda kaya ilining banyu
menyang ngendi bakal keplayu
kamangka datan rinasa raga tambah layu
ing pungkasan bakal lumebu ing kothak kayu

urip iki mung sagebyaring netra
mula aja rumangsa bisa, nanging ngrumangsanana
yen raga lan jiwa kangogonan memalaning dosa
ayo, tirakat lan mertobata ..........

                                                   A. Sardi

Kamis, 12 April 2018

AJA DUMEH

AJA DUMEH

aja dumeh sliramu sugih
samubarang raja brana kokdarbeni
omahmu prasasat kaya toko sarwa ana
kabeh bakal ilang muspra
kabeh ora bakal kagawa nalika sirna

aja dumeh sliramu duwe pangkat dhuwur
kabeh wong prasasat bisa koatur
kalungguhanmu ana ing kursi kencana
kaya raja kang duwe panguwasa dawa
elinga, kabeh ora bakal lana
bisa-bisa malah nuwuhake memala

aja dumeh sliramu pinter
bisa-bisa kurang duwe"karkater"
lakumu bakal mubeng kablinger
kalungan dosa kang  mubeng minger
nyebarake ngelmu kang ora bener
tundhone laku ora pener

aja dumeh sliramu kuwat
sakabehing reridhu bisa koruwat
sakabehing memala bisa mlumpat
kecekel ing genggemanmu tanpa rasa tobat
nanging, kabeh bisa oncat
yen sliramu ngendelake:
adigang, adigung, adiguna.

                                                               A. Sardi

Rabu, 11 April 2018

NARIMA

NARIMA

urip iki mung sagebyaring netra
embuh kapan bakal ilang
bali menyang asal-usule
ing lemah sawutuhe

                  urip iki mung mampir ngombe
                  durung nganti mari ngelake
                  gusti wus nedya animbali
                  dimen kita marak ngarsane

                                  urip iki mung titipan lumrahe
                                  sawektu-wektu bakal dikersaake sing duwe
                                  banjur kepriye apike awake dhewe
                                  apa nguja laku terus cumeblok ing lendhuting dosa

ayo pasambat diwiti
ayo pamartobat diwiwiti
ngangseg majeng marak gusti
pasrah jiwa lan raga

                                                                              A. Sardi

TAK TUNGGU TEKAMU

TAK TUNGGU TEKAMU

ing sangarepe regol sekolahan
ana rasa kangen cumenthel njero dhadha
luwih-luwih sawise namatakake surya
kang mlaku mrambat ing nggegana
sliramu tetap durung teka

jam kang cumenthel ing tembok
wis nuduhake wektu titi wancine sinau
ora suwe maneh mesthi bel tandha bakal nyuwara
kabeh gumrudug lumebu ing kelas
sliramu tetep durung teka

aku kepeksa ninggal wekas mring kanca
yen mengko ketemu sigaraning atiku
kareben crita wis saabad aku nunggu
kaya nunggoni tumetesing bun raina
sliramu tetep durung teka

sewu pitakonku jumedhul nggubel pikiranku
aku ora kwagang ngrungu piterange guru
wewayangan praupamu manjila ing ngarepku
ngawe-awe sajak nggemesake
sliramu tetep durung teka

                                                     A. Sardi

Senin, 09 April 2018

GURIT KANGGO SIMBOK

GURIT KANGGO SIMBOK

mbok....
sangang sasi sangang dina
aku ana ing guwa garbamu
ora duwe rasa sedhih
ora ngrasakake luwe
anane mung nak lan kepenak
kebak kekidungan donga puja
kareben ing tembeku bisa urip mulya

mbok ....
saiki aku wis rumangsa gedhe
nanging aku durung bisa males katresnanmu
malah kepara
aku asring nggawe laraning atimu
aku tansah nggawe susahmu
nuruti hardaning kanepsonku
nggugu karepku dhewe

mbok ...
dawa pangimpenku
dhuwur panjangka lan gegayuhanku
nedya nggawe bungahing atimu
nedya njunjung dhuwur asmamu
nanging lakuku tansah kesandhung watu
aku tumiba ing dosa
tansah sambat ngaluwara

mbok ...
aku nyuwun dongamu
kareben lakuning uripku nemu kabgjan sewu
kareben simbok tansah ana ing njero atiku
aku tansah ngeling-eling piwelingmu
aku tansah nurut panjalukmu

mbok ...
muga-muga yuswamu dawa
sadawaning pengangen-angenku.

                                                        A. Sardi



Minggu, 08 April 2018

KANGEN

KANGEN

rasa asmara iki
prasasat mrambat kanthi rikat
mecaki dalaning lakuku nganti pirang-pirang wektu
ngadhang tekamu ing njero atiku
apa iki jenenge kangen ?

wewayangane praupamu
sajak nggodha lan nglelara atiku
kang keplantrang ing juranging pengangen
apa iki nikmating rasa kangen ?

layang pungkasanmu
isih sumimpen ing sangisore bantal peturonku
pangajabku, dadia pangimpen kang endah
apa bisa nambani laraning kangen ?

gambar fotomu isih cumenthel
ing temboking atiku kang kebrongot asmara
nambahi tatu tatuning panandhanging ati
apa iki sing diarani lara kangen ?

esem manismu isih rinasa ing pengangen
angel dakbusek saka pandeleng
nadyan wektu wis ngganti mangsa
apa iki sawijining endahing kangen ?

                                                                           A. Sardi

Rabu, 04 April 2018

GUMUN TENAN AKU

GUMUN TENAN AKU

gumun tenan aku ...
apa iki tandha badharing sasmita
wolak-waliking jaman edan binuka
wong tumindak durjana malah dipuja-puja
lan disubya-subya
diajak gumbira pesta andrawina
kamangka ...
maewu-ewu gulu kajiret
lan katekak kelangan hak

gumun tenan aku ....
para koruptor ing negara iki
wis kabukti  lan kadakwa salah
praupane nuduhake rasa bungah
kabukti nggondhol lan ngeruk dudu darbeke
isih isa-isane mesem
tanpa ana rasa getun
apa maneh keduwung
malah yen perlu ...
kepriye ngupaya selak lan nolak

gumun tenan aku ...
wong nyolong pengaji matrilyun-trilyun
kapatrapan paukuman pirang taun
beda ....
wong sing kepeksa nyolong pohong
amarga kedlarung
ngrasa isine weteng kopong
e..... kadenangan
tanpa disanak tanpa dilarah
malah nampa bogem lan penthung
dipilara nganti tumekaning pralaya

o... dewa pangadilan
jejegna tatanan lan rantamaning angger-angger
wewaler iki kabeh kudu ngenggoni
sapa salah kudu seleh ...

                                                              A. Sardi