Kamis, 24 Mei 2018

AJA TANKUWATIR

AJA TAN KUWATIR
(kanggo anakku)

lakuning laku iki kaya banyu mili
datan dimangerteni kapan diwiwiti lan dipungkasi
mula dimula
aja ana selembar rasa kuwatir ing njero dhadha
pasrahna mring Hyang Makuwasa

waspadakna
peksi-peksi cilik kang mabur ing nggegana
ora tau ngrasa cuwa lan cilaka
ora tau sambat lan ngudarasa
apa maneh mung prekara sandhang lan boga
bab musprane sukma saka raga wae ora dirasa

delengen
kembang-kembang kangkung kang kumambang
ing tirtaning tlaga  panggesangan
ora nate dandan
ora kapacak endah edining sandhang
ora kaboreh celak gincu abang
tetep ayu
tetep pideksa
tetep nyumunarake rasa
krenteging kabungahan
ora ana secuwil semining kuwatir.

                                                                       A. Sardi

Sabtu, 12 Mei 2018

DONGAKU

DONGAKU
(kanggo anakku)

ing tengahing tangising ati
aku ngupaya nyuwun welasing Gusti
dimen diparingi lejaring margi
kanggo sliramu kang durung mangerteni
jati dhiri
wektu tembe mburi
mung mburu lan ngoyak hardaning dhiri
kamangka mangsa iki wis kudune gumanti
ngapa sliramu durung tetep ngakoni
dhuh, Gusti
paringana padhanging Roh Suci
tuduhna dalan kang edi peni
bukakna korining ati
kareben bisa nemu pepadhang jati.

                                 A. Sardi

Kamis, 10 Mei 2018

ING KORI IKI

ING KORI IKI

atiku kopong ngadhang suwe tekamu
kamangka wis telung mangsa kowe nglungani aku
ninggal lara lan tatu kang ngaru biru
kebletheng ing tengahing pepeteng

ing lawanging ati iki
aku sedya setya tuhu ngenteni
nandyan wektu wis lir gumanti
rasa tresna iki wis ngoyot ing ati

panyawangku nglambrang ora karuan
mumbul dhuwur ilang ing geganan
kabur ing panasing srengenge brangasan
apa isih ana turahan rasa katresnan

ing lawanging ati iki
dawa dongaku cumundhuk ing lathi
mili bareng tumetesing bun-bun adi
nelesi rasaning jiwa kang nglari.


                                           A. Sardi


Jumat, 04 Mei 2018

ANGIN WENGI


ANGIN WENGI

Angin wengi teka nggawa pawarta
Kinanthi ganda layon korbaning memala
Tanpa esem
Kebak luhing waspaning dosa
Angluh tan bisa nggayuh endahing rembulan
Tebah-tebah dhadha nggetuni panalangsa

Angin wengi mili lumebu njero ati
Meneng anteng
Raina wus karsa pamitan mring wadining wengi
Ora suwe maneh mancik ing pucuking redi
Sujud sedheku
Pasrah

Angin wengi kaya kelangan ruh
Njthet crita endahing pangimpen
Sumebar ing gunging ombak samodra
Ora bisa swala
Mung kari siji dalaning pepesthen
: pati

                                                A.Sardi