KELADUK WANI KURANG DEDUGA
ora ngrumangsani yen awak ora kepenak
ora ngrumangsani yen raga wis tuwa
ora ngrumangsani memala bisa tuwuh samangsa-mangsa
ora ngrumangsani kekuataning raga iku winates mring pangrasa
kok keladuk wani kurang deduga
saiki ngrumangsana
saiki ngelingana
saiki sambata
saiki mertobata
aja keladuk wani kurang deduga
yen ketaman lagi rumangsa
yen wis tumiba lagi krasa
yen wis lara lagi ndedonga
yen kasil ndedonga nyalahake wong liya
kuwi keladuk wani kurang deduga
A. Sardi