KANGEN
Angin mili saka suwaliking jendhela
Ngganda warta wewayangan kangen
Marang kelangenaning ati kang kedereng
Mesem cumenthel ing tembok watesing ati
Dawaning wektu ndhudhah lelakon lawas
Duk nalika lelangen bareng ngumbar
asmara
Driji tumali suket pangiketing prajanji
Datan bisa pinisahake kaya rina lan
wengi
Saiki aku rumangsa kijenan
Mbunteli pangrasa tatu laraning sukma
Ngupaya unjal ambegan kang nyesegake
dhadha
Sambat ora kuwat winedhar ing pamartobat
Sardi
- Grogol
Tidak ada komentar:
Posting Komentar