ING
SADAWANING MANGSA
Ing sadawaning mangsa
Dak takokake mring
dina-dina
Apa isih ana papan
pangungsening angga
Kang ngumbara ngudi
rahayuning bangsa
Ing sadawaning mangsa
Dak tantang angkering alun samodra
Ing ngendi pencokaning manuk-manuk camar
Kang
nedya mbabar kabungahan
Ing sadawaning mangsa
Dak tunggu tumetesing
bun-bun raina
Apa isih dak cucup
kanggo tamba sukma
Kang ngelak panyapa
Ing sadawaning mangsa
Kang dak rasa ……
Ilange kapang
Ilange mitra
Ilange “aku”
A. Sardi
Sampun kapacak
ing Djaka Lodang
6 Mei
1995
Tidak ada komentar:
Posting Komentar