Rabu, 20 Juli 2016

NASIB



           NASIB
(swaraning kedhung amba)


Delengen …
Aku kang kecemplung kedhung
Datan oleh pitulung malah kapenthung
Sedyaku bakal unjal napas mentas
Ananging sewu tanganmu tansah ngreridhu laku
Nuthuk mawa palu nepsu
Aku ora bisa nuntasake laku
Mandheg greg gojag-gajeg
Kapan kowe bakal aweh palenggahan
Kapan kekarepanku bakal pinapan
Dene isih ana tangan setan brangasan
Sedya njegal laku tengah kasangsaran
(manuta kanca tatananing nagara
Ing tembe bakal mentas saka sengsara
Nunggal sawiji ing suwiwining pancasila)

                                    A. Sardi
                                    Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                    Sabtu Wage, 17 Maret 1990

Tidak ada komentar:

Posting Komentar