NASIB
(swaraning kedhung amba)
Delengen
…
Aku
kang kecemplung kedhung
Datan
oleh pitulung malah kapenthung
Sedyaku
bakal unjal napas mentas
Ananging
sewu tanganmu tansah ngreridhu laku
Nuthuk
mawa palu nepsu
Aku
ora bisa nuntasake laku
Mandheg
greg gojag-gajeg
Kapan
kowe bakal aweh palenggahan
Kapan
kekarepanku bakal pinapan
Dene
isih ana tangan setan brangasan
Sedya
njegal laku tengah kasangsaran
(manuta
kanca tatananing nagara
Ing
tembe bakal mentas saka sengsara
Nunggal
sawiji ing suwiwining pancasila)
A.
Sardi
Sampun
kapacak ing Djaka Lodang
Sabtu
Wage, 17 Maret 1990
Tidak ada komentar:
Posting Komentar