PEPILING KANGGO ANAKKU
elinga ya ngger ....
bapak-embokmu iki dudu apa-apamu
saka sesambungane asmara kang rinakit rasa
nuwuhake wiji suci
titipane Gusti kang murbeng dumadi
elinga ya ngger ....
bapak-embokmu rumangsa jalma pinilih
dadi lantaran panguwasaNe
dadi srana ngukir jiwa lan raga
ya mung sliramu
elinga ya ngger ....
bapak-embok datan duwe kaya raja brana
duwene mung renda wohing asmara
kang banjur manjilma jalma tan kinira
ya mung sliramu
elinga ya ngger ......
apa kang dadi darbeke bapak-embukmu
ya dadi darbeke sliramu
nanging
durung mesthi apa sing dadi darbekmu
dadi darbeki bapak-embokmu
elinga ya ngger ....
panguwasane bapak-embokmu
mung nuntun jumangkahing laku uripmu
yen wis tekan titi wancine
garising pepesthen
sliramu kudu lumaku ijen
elingga ya ngger ....
dawa dongane bapak-embokmu
linambaran rasa tresna kang tanpa tidha
ewa semono
yen isih kawawas luput, salah lan dosa
apuranen bapak-embokmu
kareben gangsar lakuning laku
marak Sang Hyang Wiku.
A. Sardi