Selasa, 26 April 2016

KAPANG

KAPANG

rasane dhadha kaya lumebu ing mangsa ketiga
ngelak lan ngorong pasambating angga
ngapa lelakoning kahanan iki saya tambah ngegla
sawetara janma manungsa kelangan pangrasa


rasa pikir iki jenjem kaya tinalenan sewu kawilah dosa
angel diudhari
angel digagapi
angel ditegesi

Kang isih ana, sewu kapang datan kapungkasan
:yen sliramu isih kwagang ngadhang
entasna rasa kang isih kumambang
                                                                                         A, Sardi

19 komentar:

  1. Pak sardi
    piro cacahing gatra saben sapada?
    Christian farrel .s
    7B/09

    BalasHapus
  2. Pak sardii,kwagang ngadhang ii opo? (Intan Cahyani/7A/25)

    BalasHapus
  3. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  4. Pak kapang itu apa??(yohanes wisnu 7B 37)

    BalasHapus
  5. Pak Sardi
    Apa Tegese "ANGEL DUDHARI" PAK?
    (MICHAEL HOSANA 7B 25

    BalasHapus
  6. Farrel, geguritan iki dumadi saka 3 pada. Pada kapisan:4 gatra, pada kapindho: 4 gatra, pada katelu:3 gatra.
    Intan, Kwagang iku tembung liyane kuwat (mampu: Bhs. Ind}. Ngadhang, tembung liyane nyegad ing ngarepe {Menghadang:Bhs.Ind)
    Wisnu, kapang kuwi tembung liyane kangen (rindu: Bhs.Ind)
    Kanggo Michael, tegese angel diudhari iku ora gampang anggone nguculi/ora gampang anggone nerangake )Sulit untuk mengungkapkan:Bhs.Ind)

    BalasHapus
  7. Arti Pasambating Pak. (BINTANG_7A_12)

    BalasHapus
  8. Pak sardi
    Tegese kwagang ngadhang
    Henry setiawan,38,VII B

    BalasHapus
  9. Pak sardi
    Tegese kwagang ngadhang
    Henry setiawan,38,VII B

    BalasHapus
  10. Pak Sardi,kapang i opo to pak?(Sandra/7b/24)

    BalasHapus
  11. Michael ....
    Tegese angel diudhari yaiku ora gampang diuculi.(Sulit diurai karena ikatannya terlalu kencang, Bhs. Ind)

    BalasHapus
  12. pak, apa artine entasna pak???
    onas/7A/37

    BalasHapus
  13. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  14. Pak Sardi,,apa tegese kwagang??(alfarico,7B/001)

    BalasHapus
  15. Pak Sardi,,apa tegese kwagang??(alfarico,7B/001)

    BalasHapus
  16. Pak Sardi,Apa tegese kwagang

    BalasHapus
  17. Pak,napa tegese janma?
    Gupita/7b/17

    BalasHapus
  18. Pak Sardi,, tegese tinalenan sewu kui opo pak? (vita/7b/29)

    BalasHapus
  19. Pak, opo to tegese sawetara janma manungsa kelangan pangarsa?
    (V.agnes-7b-35)

    BalasHapus