Minggu, 31 Juli 2016

NGLELIMBANG



NGLELIMBANG

Wengi kang kebak ing tangis
Pinantek lintang-lintang abyor
Tumiba siji-siji bareng tumetesing ebun
Nyawiji sesaji marang kang murbeng jati


Ginagas gagas laku kang tan waras
Tineling-eling nasib urip kang aking
Duk nalika kekipu ing amis bacin


Dak silakake mripat
Sedya oncat ….
Nggegulang ngelmi kawruhing jalmi
Dak takokake ing wengi
Ing ngendi jatining dhiri
Dak goleki ing tengahing impi
Apa maknaning dhiri.


                                    A. Sardi
                                    Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                    Sabtu Legi, 9 Desember 1989

Sabtu, 30 Juli 2016

DALANING LAKU



DALANING LAKU

Dalaning laku pepindhane garis lempeng
Alus rata datan ana sambekala
Tan ana pepalang lan rubeda
Mung kari anggone ngrasa

Dalaning laku iki wis trewaca ngegla
Sauger cekelan teken tekening kalbu
Lelandhesan iman kang sabar lan tawakal
Nadyan kasempyok mayuta godha lan memala

Dalaning laku iki sejatine mung siji
Kabeh tumuju ing pungkasaning pati
Mung kapan tekane ora dimangerti
Mula ayo cecawis dhiri.

                                    A. Sardi

Jumat, 29 Juli 2016

DATAN KEGUH

DATAN KEGUH 

lakuning laku iki
manther tumuju panjer siji
datan keguh ing prasetyaning janji
nedya ngugemi
nedya nyrati
nedya ngopeni

pandelenging panyawang iki
datan nolah-noleh nggolek pikoleh
mung tumuju mring titik kang mligi
netepi janji suci

yen sliramu isih keguh
dak anggep bumbuning kawruh
ngrengkuh nak kepenaking wanuh
aku pasrah sumarah
aku ngalah.
                                                      A. Sardi


Kamis, 28 Juli 2016

TEGUHING ATI



TEGUHING ATI

Dak olak-alik kitabing agesang
Ing ngendi tinemu udining adi
Sedya dak simpen bareng rerepen impen
Kinidung sunar kang mekar mbabar

Siji-siji kaprungu swara asmara
Ginawa angin lan kasirep wengining wengi
Ilang ing pinggiring awang-awang

Rungokna tangising ati
Golekana maknaning janji suci
Sineksen kedheping lintang
Lan angslupe rembulan
Apa ya tega ninggal pun kakang
Kang tan kendhat gumeleng mesu kasmaran
Ngoncati prajanji kang wus tumali

Sedya mlayu tekan ngendi, yayi ….
Bakal dak oyak dumugining pati
Ati iki wis teles kebak pengarep-arep peni
Lara menawa tan bisa nggayuh pangrengkuh luh.

                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Pon, 16 Desember 1989

Rabu, 27 Juli 2016

JATINING DHIRI



JATINING DHIRI

I
Ing pojok kamar putih
Dak temokake ayangane dhiri
Ndak suwir-suwir
Ndak entha-entha
Memba-memba kaya satriya madukara

II
Ayangan biru mlayu ing pinggiring tlaga biru
Ngilo mring toyaning agesang
Lucu
Tinemu cacat ireng ngregeti kalbu
Kebak siuang lan taring brangasan
Mratandhani gesang kebak kanistthan

III
Ayang kasangsaran
Mrambat-mrambat munggah redi kadosan
Nedya nantan paukuman kang kasandhang
Embuh kapan
Bakal ndak temokake kabecikan
Bakal ndak temokake kasucian
Kabeh bakal ndak takokake ing ayanganing dhiri.

                                    A. Sardi
                                    Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                    Sabtu Pon, 16 Desember 1989

GRAITAKU



GRAITAKU

Dhiajeng …..
Apa kang wis kita graita
Apa kang wis kita renda
Tawurna ing dhuwuring agesang
Nedya gawanen ing tengah-tengahing impi
Udharana mawa kekidungan asmara

Dhiajeng …..
Wengi iki kebak aruming setya janji
Kang kinukir nalika lelangen ing gisik pesisir
Atiku lan atimu tineken dadi siji
Sesaji nyawiji urip sejati

Dhiajeng …..
Ilangan irenge pedhut
Mawa esem gumbira kang lana
Minangka sangu tekaning kebuntel lena
Ambyur ing alam kubur


                                                A. Sardi
                                                Sampun kapacak ing Djaka Lodang
                                                Sabtu Pon, 16 Desember 1989