PANGLIMBANG
tebah-tebaha
dhadha
petanana
sakabehing salah lan dosa
sawangen
Gusti-mu kersa dadi bana
seda
gumantung ing pamenthangan muspra
etusen
luh tangismu
kareben
nelesi wutuhing kalbu
bebarengan
kasangsaraning Gusti-mu
mbabar
urip dadi anyar
wedharna
donga panglimbang
kareben
tinemu laku padhang
Gusti-mu
nedya nuntun lakuning laku
tumuju
papan bawera kang lana.
Kiriman
: A. Sardi – Solo Baru
Tidak ada komentar:
Posting Komentar