ING TENGAHING RATRI
ing tengahing ratri
isining ati goreh mring impi
sliramu tan teguh ing janji
ngudhari ali-ali talining driji
ing tengahing ratri
saklamit cuwa lan gela
mboreh rasa nandhang lara
nyawaning asmara ngumbara
ing tengahing ratri
apa isih ana pangarep-arep lana
ngoyak gegayuhan kang nglambrang
mlebu ing tengahing pepeteng
ing tengahing ratri
dak turut arah ilining rasa ati
tumuju ing samodraning pati
kapan bisa ngonceki maknaning impi
ing tengahing ratri
aku titip kembanging pepesthi
yen titi wanci bisa kabukti
sebarna kabar lumantar tembang peni
A. Sardi
Pak Sardi
BalasHapusNopo Tegese Tengaring Patri
Ardi/VIIA/35
Pak Sardi
BalasHapusNopo Tegese Tengaring Patri
Ardi/VIIA/35
Pak Sardi
BalasHapusNopo Tegese Tengaring Patri
Ardi/VIIA/35
Pak tegese RATRI?(dani,7B)
BalasHapusPak sardi apa tegese ngudhari ali-ali talining driji
BalasHapus(Nia,7b,16)
Pak napa tegese ratri?
BalasHapusGupita/17/7b
pak tegese ratri? (nicholas/7a/31)
BalasHapus