ING
SUWALIKING CENDHELA KACA
Cahyamu trewaca ngegla
Nyebar esem gumbira kebak makna
Ngawe-awe ati kang lagi nandhang kapang
Kepengin ambyur ing samodraning asmara
Duk lagi karenda ing sapinggiring tlaga
Ana kekancingan kang ora bisa ilang
Cahyamu
kang malih semburat klawu
Nlesep
ing suwaliking mega ireng
Nyidhem
rasa kangen kang kadereng
Ndhudhah
pangimpen impen kasepen
Apa
sliramu bisa nuduhake jluntrunge laku
Ngambah
ing puncak pucuking kalbu
Cahyamu medharake sabda klawu
Nggawe grantesing asmara kang lumaku
Miyak pepeteng
Mbukak kangen
Kang saiki ilang ing pinggiring wengi
Kapan bisa tak cicipi bungahing ati
Yen sliramu tansah ninggal janji
Nguculi tali kang nggubet ing driji ?
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar