Sabtu, 27 Agustus 2016

ING SUWALIKING CENDHELA KACA



ING SUWALIKING CENDHELA KACA

Cahyamu trewaca ngegla
Nyebar esem gumbira kebak makna
Ngawe-awe ati kang lagi nandhang kapang
Kepengin ambyur ing samodraning asmara
Duk lagi karenda ing sapinggiring tlaga
Ana kekancingan kang ora bisa ilang

            Cahyamu kang malih semburat klawu
            Nlesep ing suwaliking mega ireng
            Nyidhem rasa kangen kang kadereng
            Ndhudhah pangimpen impen kasepen
            Apa sliramu bisa nuduhake jluntrunge laku
            Ngambah ing puncak pucuking kalbu

Cahyamu medharake sabda klawu
Nggawe grantesing asmara kang lumaku
Miyak pepeteng
Mbukak kangen
Kang saiki ilang ing pinggiring wengi
Kapan bisa tak cicipi bungahing ati
Yen sliramu tansah ninggal janji
Nguculi tali kang nggubet ing driji ?

                                                            A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar