Jumat, 28 Juli 2017

BADHARING PANGIMPEN

BADHARING PANGIMPEN

dhuh Gusti sesembahan kawula
dawa donga ngrerepeh Paduka
nyuwun gungan badharing pangimpen
kang satleraman kumambang ing tawang
kareben badhar kasunyatan
ing margining gesang lan panggesangan

dhuh Gusti papaning pangungsen
raga nglenggena tumiba ing bantala
kasempyok prahara
nalika ngoyak hardaning angga
kasunyatan mung rakitaning pangimpen
meleng-meleng miyang pepeteng
pundi katuduhaken lembaring pranyatan

dhuh Gusti pangoning kawula
mugi mawa tekening panguwasa
kersaa paring pitedah kang endah
dimen cetha trewaca ngonceki
maknaning sumpena kang kaya-kaya ana

                                                  A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar