ING PINGIRING PESISIR
cahyaning rembulan katon manjila
ngebaki jembaring segara katon ngegla
miyak watu karang kang rumangsa angkara
njedhul ing grumbul gumuking angga
saka pecahing ombak kang ambyar
mung saklebatan ilang ing gisik anyar
nundhung manuk-manuk manyar kang nyasar
kang rumangsa kelangan papan ing jagad jembar
aku ngupaya nakoni awakku
kang mbegegeg nggeduni laku
niba nangi kesandhung watu
ngluru kanikmataning kalbu
raga iki sejatine wis ringkih
nyeraki swasana endah kang asih
ngedohi kekarepaning pamrih
ngapa aku isih nlesih ?
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar