Minggu, 19 Agustus 2018

Marutaning Mala


MARUTANING MALA


Tanpa kinyana lan kinira
Tanpa kandha lan crita
Sliramu teka ndhadhal kahananing donya
Menggas tatananing laku jlantraning mangsa
           
Ngamuk pungung datan paweh petung
Mring janma kang sesambat nyuwun tulung
Ngrasa urip kaya katundhung
Ngupaya slamet malah cumemplung kedhung

Marutaning mangsa ngganda memala
Kumrosak datan bisa kinyanak
Tega temen misahake jiwa lan raga
Apa iki kabeh tandha paukumaning dosa ?

A.Sardi – Grogol


Tidak ada komentar:

Posting Komentar