UKURANING
RASA
(
I )
Dudu
dhuwuring arga
Dudu
jeroning samodra
Nanging
Rasa
rasaning tresna
Kang
binuka nadyan datan cinarita
(
II )
Dudu
kang rinasa panca driya
Dudu
tumpukaning raja brana
Kang
dadi ukuraning asmara
Nanging
Nyawiji
nunggaling ati
Nganti
titi wanci nemahi pati
(
III )
Dudu
pangkat lan drajat
Dudu
endahing rupa
Kang
dadi gathukaning jiwa
Nanging
Rasa
rasaning memitra
Nganggep
kamanungsane manungsa
A.Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar