Selasa, 30 Mei 2017

ANTARANE SOLO - MAGELANG

ANTARANE SOLO - MAGELANG

wengising wengi kepeksa dakwiyak
kanggo mecaki dalaning urip kang rusak
dimen nemu kabegjan lan kamulyan
nadyan prasasat kadya ngudi dom ing sumuruping banyu

sepining wengi kepeksa dak bukak
mawa saklamit pandonga tandhes
muga karahayon lan kaslametan
bisa tinemu ing sadawaning pinggir dalan

antarane solo tumekaning magelang
aku rumangsa kelangan kapang
ninggal pawongan wanita kang isih ngrenda pangimpen
ninggal anak lanang kang isih ngathang-athang

antarane solo tumekaning magelang
dayaning mripat mentheleng tajem
namatake sadawaning dalan kang kapiran
dimen nemu kabegjan

antarane solo tumekaning magelang
daktinggal tapak tilasing pangrasa
daktitipake mring sunaring bagaskara
muga bisa malih dadi berkah.

                                                   A. Sardi

Rabu, 17 Mei 2017

KAPIRAN

KAPIRAN

sawise sliramu lunga tanpa kandha
ora ana crita dawa ngumandhang ing dhadha
rasa asmara tansah ngumbara tanpa mendha
ora bisa ngranggeh reh nadyan sinambung andha

sawise sliramu lunga ninggal pangimpen
ati iki kapiran lan kasepen
raga ora mingsa saya ora kopen
dawane kapang suwe kasimpen

sawise sliramu nglari ninggal janji
apa maknane ali-ali ing driji
nadyan dongaku dawa memuji
nanging rasa lan ragaku ora nyawiji

sawise sliramu suwe ngilang
rasaning asmara malih dadi kumambang
tan kasil nampa saweneh tetimbang
kaya prau kang kumambang

                                                      A. Sardi

TINTRIM

TINTRIM

lakuning wengi mrambat kanthi rikat
mancik ing tengah-tengah cundhukan rembulan
rasa pangrasaku kaya kelangan kasepen
sanadyan wus sinambi kekidungan rerepen
aku kangslup ing wewayanganing esemmu
nggubel dhadha mlebu ing tengahing wengi
sepi lan tintrim
wengi kang wengis
ninggalake rasa amis

                                                           A. Sardi

Selasa, 16 Mei 2017

KESEL

KESEL

embuh ngapa dhadha iki krasa ampeg
embuh ngapa pikir iki krasa buntet
embuh ngapa raga iki krasa kaku
kesel !

ngapa ukaraning rasa iki kandheg
ngapa reroncening tetembungan iki mati
ngapa panyawange netra iki peteng
kesel !

                                      A. Sardi

Jumat, 12 Mei 2017

NGRUDAPEKSA DHIRI

NGRUDAPEKSA DHIRI

mayuta pawarta kabur kanginan
meksa mlebu ing jagad panguripan
ngobahake rasa kamanungsa
kudu wani nemtokake pilihan:
sarujuk ...
nantang ...
mad sinamadan ... ?

         mayuta pawarta tumiba kaya banyu udan
         nyampyuk praupan
         ngowahi jejeging iman
         yen katut kalepyan
         bisa-bisa urip mapan dadi edan
         ati ing tengahing kori pilihan:
         sarujuk ...
         nantang....
         mad sinamadan ... ?

mayuta pawarta gumrojog kaya grojogan
meksa lakuning dhiri mandheg madhep mangu
malah kepara thukul rasa cubriya mring pepadha
laku kandheg ing pilihan:
sarujuk ...
nantang ...
mad sinamadan ?

                                            A. Sardi

Kamis, 11 Mei 2017

KAADILAN

KAADILAN

apa tumon
tumindak salah dianggep bener
tumindak bener dianggep salah
tumindak jujur malah dijur-jur
tumindak sopan diangep kaya kewan
tumindak pener dianggep keblinger
tumindak suci dianggep mbebayani

apa tumon
wong cilik tansah diuthak-uthik
wong mlarat malah digawe sekarat
wong miskin malah diisin-isin
wong kere digawe pangece-ece
wng cilaka malah ditumpangi sangsara

apa tumon
wong sugih saya tambah sugih
wong duwe pangkat malah saya diangkat
wong kuwat malah  dirumat

apa tumon ... apa tumon ..... ??????

                                            A. Sardi

Rabu, 10 Mei 2017

PEPESTHEN

PEPESTHEN

aku ngerti iki dudu dalan uripku
aku krasa iki bakal nuwuhake panalangsa
kabeh wis dadi pepesthenku
kabeh wis uwal saka pangimpenku

         ambegankulandhung kumalungkung
         nyangga rasa keduwung
         urip siji iki kaya kacemplung kedhung
         iki wis pepesthen kang kudu dakbendung

pepesthen wus tumati pati
datan bisa diowahi lan diselaki
nadyan abot kudu dilabeti
mula aya kendhat nyenyuwun mring Gusti.

                                           A. Sardi

Senin, 08 Mei 2017

SEPI

SEPI

wiwit nalika kotinggal lunga
swara njero dhadha suwung ing rasa
kelangan ilining asmara
keblebeg bena kuciwa

wiwit nalika kowe ninggal aku
aku kelangan enggoking laku
kabeh peteng tinemu ing kalbu
kaya satru ngaru-biru

wiwit nalika kowe lunga
pangimpenku tan nate manjila
klelep ing tengahing wengi kang sepi
sepi .... sepi ing ati

                                               A. Sardi

Kamis, 04 Mei 2017

ATUR PANUWUNKU

ATUR PANUWUNKU

I
marang wengi
kang wus ngrenda impi kang nyala wadi
nggubel ati nedya ngonceki
apa kang bakal dumadi

            II
            marang srengenge
            kang tansah mesem kebak pengarem-arem
            asmaraku kang ngumbara bakal cetha trewaca
            ginambar ing garising donya

III
marang angin
kang mili ngganda amis bacin
nyenyamah ati gawe isin

            IV
            marang pedhut
            kang paweh pemut
            ing donya iki dumadi rong prekara
            ora ditolak nanging kudu ditampa

                                                                              A. Sardi

AKU ISIH DUWE WEKTU

AKU ISIH DUWE WEKTU

wektuku lumaku kanthi rikat
nyabrang pirang-pirang mangsa
kinanthi dawaning pandonga
dimen aja nganti muspra 

wektuku wis kliwat setengah abad
mranggas tenaga
nyuda kadigdayaning raga
aku tetep ngupaya nyukupi rasa

wektuku kaanggep keplayu
ngluru pangimpen kaluwen
kareben tuwuh tapak tilas endah
kanggo sing daktinggal.

(nadyan raga wus ilang guna
nadyan daya wus suda
aku isih duwe wektu
kanggo ngabdi SliraMu ... Gustiku)

                              A. Sardi


Selasa, 02 Mei 2017

WIS NARIMA

WIS NARIMA

aja ngira yen aku kurang bisa nampa:
peturonku cukup salembar klasa gumelar
ing sadhuwuring plataran jogan
impen-impenku bakal kasunyatan

aja ngira yen aku durung narima:
tumpakanku cukup pit kebo kekendhot sekrup
nuwuhake swara pasambat kebak donga
dudu mobil anyar lan mewah tanpa kuciwa

aku wis nrima
aku wis nampa
dawa nikmate urip iki ora sawetara
tundhone bakal muspra

aku wis narima
aku wis nampa
aku wis nglenggena
aku tan bak tidha
nglakoni......


                                                                                A. Sardi


Senin, 01 Mei 2017

GARIS TAPEL WATES

GARIS TAPEL WATES

leremna
atimu kang ngupaya tamba
lerena
lakumu wus kadohan mangsa
aku lan sliramu
ginaris ing tapel wates
pangkat lan drajad
sugih lan mlarat
langit lan mega
  aku narima
aku nglenggena
aku ora mingsra
aku kang ala

                                                                                                              A. Sardi