Rabu, 17 Mei 2017

KAPIRAN

KAPIRAN

sawise sliramu lunga tanpa kandha
ora ana crita dawa ngumandhang ing dhadha
rasa asmara tansah ngumbara tanpa mendha
ora bisa ngranggeh reh nadyan sinambung andha

sawise sliramu lunga ninggal pangimpen
ati iki kapiran lan kasepen
raga ora mingsa saya ora kopen
dawane kapang suwe kasimpen

sawise sliramu nglari ninggal janji
apa maknane ali-ali ing driji
nadyan dongaku dawa memuji
nanging rasa lan ragaku ora nyawiji

sawise sliramu suwe ngilang
rasaning asmara malih dadi kumambang
tan kasil nampa saweneh tetimbang
kaya prau kang kumambang

                                                      A. Sardi

Tidak ada komentar:

Posting Komentar