ANTARANE SOLO - MAGELANG
wengising wengi kepeksa dakwiyak
kanggo mecaki dalaning urip kang rusak
dimen nemu kabegjan lan kamulyan
nadyan prasasat kadya ngudi dom ing sumuruping banyu
sepining wengi kepeksa dak bukak
mawa saklamit pandonga tandhes
muga karahayon lan kaslametan
bisa tinemu ing sadawaning pinggir dalan
antarane solo tumekaning magelang
aku rumangsa kelangan kapang
ninggal pawongan wanita kang isih ngrenda pangimpen
ninggal anak lanang kang isih ngathang-athang
antarane solo tumekaning magelang
dayaning mripat mentheleng tajem
namatake sadawaning dalan kang kapiran
dimen nemu kabegjan
antarane solo tumekaning magelang
daktinggal tapak tilasing pangrasa
daktitipake mring sunaring bagaskara
muga bisa malih dadi berkah.
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar