Selasa, 13 Desember 2016

KEBEBASAN



KABEBASAN

suk yen ana kalane
dalan kang saiki kebak brangkalan,
          bakal rinasa lempar padhang gilar-gilar
akeh wong padha tetangisan nemu kabegjan
akeh kewan alasan malih dadi pomahan
akeh kewan njero kandhang padha keplayu ngudi papan
wis ora ana maneh kurungan
wis ora ana maneh paukuman






Jumat, 09 Desember 2016

LAWANG PUNGKASAN

LAWANG PUNGKASAN

ing lawang pungkasan iki
sukmaku anguk-anguk donya
ngetung dhendhaning dosa
nalika ngetutake jluntrunge raga
ngumbar duraka lan angkara murka
ngoyak nak lan kepenake rasa

ing lawang pungkasan iki
aku wis ora kwagang ngucap donga
aku wis ora bisa sambat lara
aku wis ora bisa apa-apa
luwih-luwih lawang pungkasan wis menga

ing lawang pungkasan iki
pangiraku iki lawanging nraka
papan paukumaning manungsa dosa
kebak wrejit cacing nggawa memala
aku wis dudu sapa-sapa
aku wis ora duwe makna.

                                           A. Sardi-DL. 9-6-2018


Rabu, 07 Desember 2016

PALERENAN

PALERENAN

sawetara wektu, aku kudu mandheg
sawetara wektu, aku kudu tetebah dhadha
sawetara wektu, aku ngupaya ngulu idu
sawetara wektu, ambles bumi semedi
sawetara wektu, aku kudu ndhungklukake sirah ngelu
sawetara wektu, aku kudu noleh mamburi

nadyan mung wektu sedhela
aku kudu leren
aku kudu unjal ambegan
aku kudu merem

A. Sardi

Senin, 21 November 2016

ING NGENDI BAKAL NDAK UDI

ING NGENDI BAKAL NDAK UDI

kapangku mbuntel sakabehing pangrasaku
gumeleng lumebu ing alam peteng
sliramu wis nglalekake aku
embuh kagawa angin tekan ngendi
kasempyok ombak sing endi
aku ora bisa maca
aku ora bisa ngrenda
kabeh kapangku wus sirna
klelep ing jembaring samodra.

                            A. Sardi

Jumat, 18 November 2016

SURASANING RASA KUCIWA



SURASANING RASA KUCIWA

O, sang bagaskara
Apa tegese  manjing nggegana
Yen sliramu pana surasaning rasa
Kang mbedhedheg ngganjel dhadha

O, sang maruta
Apa pamrihmu mobah mosik
Nggeterake rasa kebak panalangsa
Yen sliramu teka ngganda memala

O, sang pedhut
Apa dayamu kumalungkung
Brukut lan rapet ngemuli gunung
Apa ra ngeri rasaning rasa kesandhung

O, sang bun-bun esuk
Tumetesmu gilir gumanti dadi tangis
Tangising ati ketaman tumindak wengis
Ajur mumur kaya diris-iris


                                                A. Sardi  

Jumat, 11 November 2016

TALINING RASA



TALINING RASA

Talining rasa iku pangumbara
Tanpa ana tapel watese
Lumaku nurut jlantruning ati
Megar-mingkup kaya lawanging donya
Munggah-mudhun kaya ombaking jaladri
Nemahi padhang lan peteng, kaya rina lan wengi
Panas kaya hawaning srengenge ing mangsa ketiga
Adhem njekut kaya hawa ing mangsa bedhidhing

            Talining rasa krasa kemulan piwulanging agama
            Ngresep ing njero dhadha yen dilakuni kanthi sampurna
            Laku rekasa ditampa kanthi gumbira
            Ketaman begja disyukuri kanthi legawa
            Nadyan nemahi pati dianggep pungkasaning sesuci

Talining rasa bakal udar tanpa piguna
Yen kelangan teken cekelaning kalbu
Bakal kesaput mendhung prahara yen endha
Ilang rasa kamanungsane manungsa
Tumiba ing cilaka nraka kebak memala
Brangasan nalika kapanjingan setan

            Talining rasa kaya wis ora tumali dadi siji
            Manungsa padha ngoyak drajading dhiri
            Mentingake mukti ing donya katimbang ing swarga
            Kelangan kebat papat punjering urip
            O, manungsa den elinga Gusti.

NURUT ILINING BANYU



NURUT ILINING BANYU



Waleh-waleh apa
            Aku jejering manungsa
                        Mlaku nurut ilining tirta
                                    Nadyan kudu nyandhing maruta
                                                Nadyan kudu nglegena
                                                            Nadyan nemahi pepalang dawa
                                                                        Aku pasrah jiwa lan raga
                                                                       
Aku tirta tirtaning jiwa
            Nedya pasang japa mantra
                        Nedya ngucap japa mantra
                                    Nedya pasang maneka sengkala
                                                Kareben sakabehing titah ing donya
                                                            Kersa netesake raha saka njero raga
                                                                        Tanda pangurbanane jiwa


A. Sardi
           
                                                           

Rabu, 09 November 2016

TUMANGSANGING KAPANG



TUMANGSANGING KAPANG

Nadyan durung ana samangsa
Wewayanganmu tansah ngegla manjila
Kebak esem gumbira ing sangarepe netra
Eman, aku ora bisa kandha lan crita
Dhadha iki kebak surasaning rasa asmara

Nadyan durung ana samangsa
Raga pinisahake jembaring samodra
Katutup sewu pedhuting arga
Secuwil gambar praupamu ora bisa kanggo tamba
Ndayani swaraning rasa saya tambah sora

Nadyan durung ana samangsa
Kapang iki tumangsang ing jiwa
Mabur bareng ambegan landhung kang muspra
Nlesep ing alaming panglamunan nyata
Mecahi  watu lakuning laku kang ora sranta.

                                                            A. Sardi

Selasa, 08 November 2016

ING EMPERANING TOKO



ING EMPERANING TOKO

Ana crita manungsa sajodho
Lungguh ndhodhok ngekep dhadha
Sedhela-sedhela ngunjal ambeganing rasa
Ucul bareng lumakuning tirta grimis riwis-riwis
Kairing swara miris saka njero weteng
Kumrucuk kaya ilining banyu udan tumiba
Sawetara
Ing papan kana
Maneka wong manca padha suka gumbira
Lungguh ing kursi empuk ora krasa sumuk
Ngadhep ambeg lan omben-omben kelangenan
Ora nggagas sesuk bakal kapiran
Ora kuwatir nadyan kadohan zikir

                                                A. Sardi