TALINING
RASA
Talining rasa iku pangumbara
Tanpa ana tapel watese
Lumaku nurut jlantruning ati
Megar-mingkup kaya lawanging donya
Munggah-mudhun kaya ombaking jaladri
Nemahi padhang lan peteng, kaya rina lan
wengi
Panas kaya hawaning srengenge ing mangsa
ketiga
Adhem njekut kaya hawa ing mangsa
bedhidhing
Talining
rasa krasa kemulan piwulanging agama
Ngresep
ing njero dhadha yen dilakuni kanthi sampurna
Laku
rekasa ditampa kanthi gumbira
Ketaman
begja disyukuri kanthi legawa
Nadyan
nemahi pati dianggep pungkasaning sesuci
Talining rasa bakal udar tanpa piguna
Yen kelangan teken cekelaning kalbu
Bakal kesaput mendhung prahara yen endha
Ilang rasa kamanungsane manungsa
Tumiba ing cilaka nraka kebak memala
Brangasan nalika kapanjingan setan
Talining
rasa kaya wis ora tumali dadi siji
Manungsa
padha ngoyak drajading dhiri
Mentingake
mukti ing donya katimbang ing swarga
Kelangan
kebat papat punjering urip
O,
manungsa den elinga Gusti.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar