ING EMPERANING TOKO
Ana
crita manungsa sajodho
Lungguh
ndhodhok ngekep dhadha
Sedhela-sedhela
ngunjal ambeganing rasa
Ucul
bareng lumakuning tirta grimis riwis-riwis
Kairing
swara miris saka njero weteng
Kumrucuk
kaya ilining banyu udan tumiba
Sawetara
Ing
papan kana
Maneka
wong manca padha suka gumbira
Lungguh
ing kursi empuk ora krasa sumuk
Ngadhep
ambeg lan omben-omben kelangenan
Ora
nggagas sesuk bakal kapiran
Ora
kuwatir nadyan kadohan zikir
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar