NGAMPET
Wektu wis ora sranta
Nedya ndhadhal lumakuning raina
Ngadhang binukane netra sang bagaskara
Kang nedya paring padhanging jalma
Rasa wis datan kwagang binendhung
Kedhunging luh jebol tanpa keduwung
Keplayu, kalepyan lan kesandhung
Ngapa uripku kaya katenung
Lara ning lara wuyung iki
Wis ora bisa diampet – tansah nggremet
Tanpa milah slamet
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar