NURUT ILINING BANYU
Waleh-waleh apa
Aku
jejering manungsa
Mlaku
nurut ilining tirta
Nadyan
kudu nyandhing maruta
Nadyan
kudu nglegena
Nadyan
nemahi pepalang dawa
Aku
pasrah jiwa lan raga
Aku tirta tirtaning jiwa
Nedya
pasang japa mantra
Nedya
ngucap japa mantra
Nedya
pasang maneka sengkala
Kareben
sakabehing titah ing donya
Kersa
netesake raha saka njero raga
Tanda
pangurbanane jiwa
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar