TUMANGSANGING
KAPANG
Nadyan durung ana samangsa
Wewayanganmu tansah ngegla manjila
Kebak esem gumbira ing sangarepe netra
Eman, aku ora bisa kandha lan crita
Dhadha iki kebak surasaning rasa asmara
Nadyan durung ana samangsa
Raga pinisahake jembaring samodra
Katutup sewu pedhuting arga
Secuwil gambar praupamu ora bisa kanggo
tamba
Ndayani swaraning rasa saya tambah sora
Nadyan durung ana samangsa
Kapang iki tumangsang ing jiwa
Mabur bareng ambegan landhung kang
muspra
Nlesep ing alaming panglamunan nyata
Mecahi watu lakuning laku kang ora sranta.
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar