LAKUKU
KETRIWU
Sedyaku …
Aku ora bakal mutung lan nglalu
Nadyan sewu satru ngadhang ngaru biru
Nedya munthes dayaning sukma lan ragaku
Aku datan mundur sedheku
Niatku …
Aku ora bakal mapan turu
Sadurunge nyekel wohing gegayuhanku
Kang ginadhang wiwit wektu kadalu
Aku ora-orane ngglonggong playu
Karepku …
Saben wektu bisa nglairake isining kalbu
Nanging daya lan kekuwatanku
Winates ing lakuning kalbu kang katriwu
: endi tekening pepadhangku ?
A.
Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar