Rabu, 30 Agustus 2017

PENGANGEN-ANGEN

PENGANGEN-ANGEN

nalika jumangkahe sikil isih secuwil
atiku mung kasil ngrasa rong prekara
seneng lan susah lelakoning lak
adoh lan cedhak kekepan katresnan
larang lan murah esem sinungging

nalika aku kasil munggah ing tataran kapisan
akeh tinemu reridhuning kalbu
aku rumangsa kijenan ing tengahing karamean
aku rumangsa kadohan ing katresnan
aku rumangsa ora duwe Pangeran

saiki ngancik ing tataran kapindho
pengangen-angenku owah ngoyak urip kepenak
kabeh kabutuhan sarwa cumepak
yen bisa kabeh sarwa dadi darbekku
mula aku ora ngetung tenaga lan wektu
mburu hardaning napsu

munggah ing tataran kaping telu
rumangsaku kabeh wus dak dilat
rumangsaku kabeh nate dak rungu
rumangsaku kabeh nate sinawang
nanging ngapa kabeh sarwa isih kurang

saiki sikilku gumeter
ancik-ancik watu tandha tadhahing laku
anguk-anguk luwenging kubur peteng
pasrah bongkokan marang sing kwagang
misungsungake sakahebing pokal lan pakaryan
ngetung cacahing dosa minangka dhendha lan paukuman

pupus punthes pengangen-angenku.

                                                           A. Sardi


Selasa, 29 Agustus 2017

KANGEN

KANGEN


sewu mangsa atiku ngumbara
ngupadi tamba kangen kang tumangsan ing pang garing
pingin medharake saweneh crita lelakoning laku
kang ngaru biru ing jembaring tlaga biru

aku ngupaya ngilo ing tirtaning tlaga
oh, ngapa praupaku kebak tatuning dosa
aku tansah nggawe lara lan cilaka
marang sliramu kabeh kang isih putih

saiki lakuku wis sumendhe ing regoling lawang pungkasan
anguk-anguk nyadhong pitulungan
dimen para malaikat mapag tekaku
mlebu ing pangadilan pungkasan.

                                                      A. Sardi

Jumat, 25 Agustus 2017

PIWELINGE PARA SEPUH

PIWELINGE PARA SEPUH

suk emben yen ana rejane jaman
 tanduran kang tuwuh ing pinggir kali
aja lali diopeni
diuri-uri
kareben tansah semi
biSa mesem ijo royo-royo

suk emben yen ana rejane jaman
lemah pekarangan aja diujar
ditanduri bonggol 
wesi kang tan aji
kepara
openana kareben thukul ara-ara
mbok menawa bisa dadi panguripane nyawa

suk emben yen ana rejane jaman
gumuk kae aja digundhuli
kareben ngore kaya sunare srengenge
mbok menawa bisa kanggo tamba
larane ati kang nalangsa

ssuk emben yen ana rejane jaman
kedhukan sumur kae aja kotableg
kareben mloho cetha
kaya luh tangis kang mili ing pipi
ayo kabeh diopeni

                                                                                                                                       A. Sardi

Kamis, 24 Agustus 2017

KASEPEN

KASEPEN

ujare kandha, donya iki amba
ujare kabar, jagad iki gumelar
kebak kaendahan lan kabungahan
kaliput ing moncering pepadhang

nanging ....
ngapa aku nemahi kahanan kapang
marang kadang mitraku mayuta lintang
banget ngantu-antune eseme rembulan

malah nganti keplantrang
ing papan lan kahanan kasepen
kang tanpa tinemu jluntrunge pangimpen
kadohan donga lan rerepen

o... adoh temen sungsate kabungahan
kabeh sinawang kaya reca-reca watu
kang bisu tansa bisa celathu
ngaru biru nutupi kalbu.


               A. Sardi

Rabu, 23 Agustus 2017

ADOH TEMEN LAKUKU

ADOH TEMEN LAKUKU

dlajah desa
milang kori
nyabrang kali
munggah mudhun giri
karoban bun-bun jati
kaplepeg mega wengi

adhuh...
badhar kastyanku
aku kang janji
tan grungu sambat saka lathi
nanging
saiki sambat amarga ora kuwat

adoh temen sungsate Gustiku
sukmaku kaya anguk-anguk samodraning bebendhu
katutup rapet regol lawanging kamukten
aku kijenan
                                                                               A. Sardi

Minggu, 20 Agustus 2017

KABAR ESUK

KABAR ESUK

sang bagaskara mesem sumringah nggawa warta
kinanthi sumiliring angin garing ing mangsa ketiga
emoh nanduki panyapane manuk-manuk alasan
kang lagi pepacangan ing pucuking pang

sing ora bisa disaruwe
ocehing manuk prenjak kang gumapyak
kaya adat saben caos ulem
wengi wus gumanti
dadi dina iki....

                                                         A. Sardi

SEDHEKU NDONGA

SEDHEKU NDONGA

ing sangarepe altar prasaja
aku ngupaya meleng lan mesu cipta
sikil lan tanganku daklempit
pandelengane mripat dakciyutake
dimen bisa maca kekarepaning rasa
dimen bisa ngrenda ukara pandonga

aku ngupaya ngupadi cahyaMu kang peni
kareben madhangi laku lakuning laku
aja nganti kasempyok reridhu
mahdep, manteb mring sakabehing karep
ngoyak lan nemokake endahing urip
kang lelumban ing madyaning bebrayan

aku ngupaya pasrah sumarah
astaMu njamah isining manah
nadyan rumangsaku:
kerep tumiba ing salah
asring dipitenah
aring dicecamah

aku kepengin mbukak lembaran urip anyar
nyawisake pasujarahan ngambah regoling kamenangan
embuh wektune kapan ............

                                       A. Sardi

Sabtu, 19 Agustus 2017

WENGI KANG WENGIS

WENGI KANG WENGIS

mripat mung kari seprapat
nanging pangrasa ngumbara
ngoyak pencokan badharing rembulan klawu
kang tumungkul ing sadhuwuring gendheng kaca

sedyaku turu ngrakit impen-impen endah
ngrenda prastawa duk nalika andon asmara
nanging kang sinandhing
mung bantal lan guling
kang kabeh garing nglenthing

sedyaku glolos otot bebayu
kang kaku ngluru hardaning napsu
nanging saawak kabeh krasa keju
ngene ora enak
ngono ora kepenak

swara kewan-kewan wengi
ngmandhang paweh panglipuran
eman
aku ora kwagang ngadhang
mayuta wewayangan rancangan
kudu enggal kapungkasan

apa iki dalan panguripan
kang kudu daktampa
kang kudu daklakoni

matur nuwun dhuh Gusti
tandha panggesangan kumlawe
aku pasrah.

                                       A. Sardi

Kamis, 17 Agustus 2017

DAWANING DINA

DAWANING DINA

wiwit jumedhule sang bagaskara
rasa rasaning rasa iki saya ngambra-ambra
ndhudhah mawaning memala
kang wektu wingi isih ngemu wisa
nambahi panasing sukma
kaya mbengkah-mbengkahna dhadha

bedhug awan kaya wis kumambang
nyempal panging pengarep-arep
klelep ing samdraning sedya
apa aku kudu kepeksa muspra
lungga nggawa tatu-tatuning dosa

wayah surup meh angslup
munthes rasaning katresnan kang lagi murub
kebletheng ing pepeteng
keplantrang ing panandhang
dina-dina kang dawa ngemu surasa
tandha oncating jiwa saka panjinganing raga.


                                                             A.Sardi

Selasa, 15 Agustus 2017

ATI KANG ADHEM

ATI KANG ADHEM

angin esuk mrambat mili
nlesep ing njero ati
ngliwati rasa kang kumambang ing wengi
aku ngupaya pemut ing impi
kabegjan lan kabungan tinemu ing ngarep lawang
ngawe-awe kaya sunare srengene
ndayani kuwate semangat
ngangkat sawarnaning lakuning urip lan panguripan
ati kang adhem
saya tamba njenjem
tajem
marem
manekung ing Hyang Widhi.


                                                             A. Sardi

Sabtu, 12 Agustus 2017

NURUT LAKUNING WEKTU

NURUT LAKUNING WEKTU

wektu tansah lumaku
mili nggawa maneka prastawa
ngowahi rasa
nggawe cedhaking sampurnaning urip

        wektu wingi ninggal wadi
        kabeh ginambar ing njero dhadha
        angel dibusak lan diilangi
        dadi kelangenaning urip

wektu saiki mung ngenteni
nggawa padhang, apa pepeteng
aku ora bisa nyelaki
mung sedya nglakoni

       wektu sesuk luwih ndrawasi
       aku ora ngerti apa kang bakal dumadi
       apa maneh kapan kukuting wektu
       munggel urip kang mung sakethip.

                                                   A. Sardi