WENGI KANG WENGIS
mripat mung kari seprapat
nanging pangrasa ngumbara
ngoyak pencokan badharing rembulan klawu
kang tumungkul ing sadhuwuring gendheng kaca
sedyaku turu ngrakit impen-impen endah
ngrenda prastawa duk nalika andon asmara
nanging kang sinandhing
mung bantal lan guling
kang kabeh garing nglenthing
sedyaku glolos otot bebayu
kang kaku ngluru hardaning napsu
nanging saawak kabeh krasa keju
ngene ora enak
ngono ora kepenak
swara kewan-kewan wengi
ngmandhang paweh panglipuran
eman
aku ora kwagang ngadhang
mayuta wewayangan rancangan
kudu enggal kapungkasan
apa iki dalan panguripan
kang kudu daktampa
kang kudu daklakoni
matur nuwun dhuh Gusti
tandha panggesangan kumlawe
aku pasrah.
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar