IRENGING LELAKON
Peteng
lelimengan
Sakabehing
panyawang
Kelangan
keblat papat
Kadohan
tekening laku
Adhuh
...
Ngapa
dalan iki ireng
Kebak
watu sandhungan
Ngganjel
pengarep-arep jumedhul
Ireng
lan peteng
Nutup
sakabehing panyawang
Mbumpet
rasaning ati
Apa
kaya ngene iki kahanane nraka jahanan ?
A.Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar