KANGEN
(kanggo pacanganku)
rasaning rasa asmara njero dhadha
nyuwara gumleger kaya ombaking samodra
mili kaya sang bayu keplayu ngresiki donya
tansah nggawa warta anyar dawaning pangrasaa
kangen kang cumundhuk ing jiwa
surasaning rasa asmara dawa ngumbara
ora kwagang rinenda ing dawaning ukara
nanging kawetu ing lair kebak mantra lan donga
landhung gumantung kaya lintang ing nggegana
kapang iki datan bakal ilang, malah ngrembaka
dayaning asmara kang nggeterake jiwa
kaya bagaskara madhangi jagad bawana
tanpa pamrih lan tanpa bebana
andum tresna tanpa rinubeda
kangen iki nedya kabukak nyata
lambe iki datan bisa ngumecap kandha
beda ing njero dhadha kang kaya angin prahara
nedya mbedhal sakabehing paugeraning manungsa
kareben bisa ngrengkuh endah penining asmara
kapang iki ora bakal ilang salaminya.
A. Sardi