Selasa, 13 Maret 2018

TAMBA KANGEN

TAMBA KANGEN

entenana sawetara, dhiajeng
rembulan kang ketutup mega
nyimpen cahyaning asmara
kebak pangimpen

entenana sawetara, dhiajeng
kumedheping lintang raina
bakal paweh tandha
tumangkeping rasa

entenana sawetara, dhiajeng
tembang asmaradana 
bakal ngumandhang ing njero dhadha
kangen bakal entuk tamba

entenana sawetara, dhiajeng
peteng iki bakal malih raina
mbuka saweneh isining donya
cetha trewaca 

                                                               A. Sardi


Tidak ada komentar:

Posting Komentar