SEPI ING TENGAHING WENGI
pangimpen landhung
badhar malih dadi rasa keduwung
ilang ing tengahing plataran
keplantrang ing pepeteng
njero ati rinasa kopong
kelangan maknaning kapang
katutup petenging pedhut
lumebu ing sepi tengahing wengi
aku kudu takon sapa
sangkan jluntrunging panalangsa
kang rinenda dawa ing njero dhadha
kasepen ing pangimpen kang sepi
aku ngupaya kabotan unjal ambegan
ngrenda ukaraning pandonga
kang kepranggas ing swaraning kewan wengi
kasilep klelep ing pengarep-arep
o... sepi ing tengahing wengi
aku keguh lan pakewuh
angluh ngelak ing pangrengkuh
negesi isining impi.
A. Sardi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar